
Syi'ir Jawa Eling Pati, Ingat Mati
Sedulur padha elinga
Sira urip ana ngalam dunya
Temenana anggonmu ngaji
Mumpung durung ketekan pati
Elingana lamun wis mati
Wis wancine ra kena selaki
Disandangi sarwa putih
Amerga ora bisa mulih
Shalatullah salamullah
‘Ala thaha rasulillah
Shalatullah salamullah
‘Ala yaa siin habibillah
Tumpa’ane kereta Jawa
Roda papat rupa menungso
Panggone ing jero guwa
Tanpo bantal tanpa klasa
Obat nyamuk ya ora ana
Diselehke ngalor ujure
Guane banget ciute
Ning kono ora ana lawange
Turu dhewe ra ana kancane
Shalatullah salamullah
‘Ala thaha rasulillah
Shalatullah salamullah
‘Ala yaa siin habibillah
Ditutupi anjang-anjang
Diuruki trus disiram kembang
Yen neng donya ra gelem sembahyang
Disiksa peng pirang-pirang
Tangga-tangga padha sambang
Nggone nangis kaya nembang
Niku ngono imane kurang
Lha wong ngajine ya mung arang-arang
Shalatullah salamullah
‘Ala thaha rasulillah
Shalatullah salamullah
‘Ala yaa siin habibillah
Posting Komentar