cfFp0twC8a3yW2yPPC8wDumW5SuwcdlZsJFakior
Bookmark

Lirik Syi'ir Jawa Aduh Senenge Pengantin Anyar

Lirik Sholawat dan Syi'iran Jawa Aduh Senenge Pengantin Anyar

Ya Rasulallah salaamun ‘alaik (salamun ‘alaik),
Ya rafi’asaani wadarajii 2x
‘Atfatayaarji ratal ‘alaami, yauhailarjuu diwalkarami
Yauhailarjuu, yauhailarju diwalkaramii

Aduh senenge pengantin anyar
Ngagem busana sarwo gumebyar
Kakung putrine timbang lan jajar
Sinawang kaya rembulan kembar

Aduh senenge wektu temonan
Kakung putrine pandeng-pandengan
Nuli lenggah jejer bebarengan
Ing sasana rinenggo sarwo kembangan

Daleme kebak tamu undangan
Nganti ngebaki kabeh ruwangan
Para peladen iring-iringan
Kabeh dikurmat dahar hidangan

Para sederek kula sedaya
Lan para bapak ibu kang mulyo
Mugi kersaha paring bantuan dunga
Marang Dzat kang Priksa Wuninga

Mugi pengantin sekaliyan
Anggenipun mangun bebrayan
Tansah pikantuk kawilujengan
Kairing pitedah lan pitulungan

Inggal pikantuk putra kang berkah
Sedaya wau sholih sholikhah
Gadhah bebuden lan lembah manah
Dateng tiyang sepuh bekthos lan genah...
Posting Komentar

Posting Komentar

close